Menyang kontèn

JavaScript

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 24 Sèptèmber 2018 06.42 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (top: ganti isi, replaced: sawijining → siji (2))
Logo ora resmi saka JSConf Uni Èropah 2011

JavaScript iku jeneng implementasi Netscape Communications Corporation tumrap ECMAScript baku, siji basa skrip sing didhasaraké marang konsèp pemrograman mawa basis prototipe. Basa iki mligi misuwur amarga panggunaané ing situs web (minangka JavaScript sisih klien) lan uga dipigunakaké kanggo nyadiakaké aksès skrip kanggo objèk sing di"tandur" (embedded) ing aplikasi liya.

Skrip JavaScript sing dilebokaké sajeroning berkas HTML utawa XHTML kudu dilebokaké antarané tag <script>...</script>. Ing ngisor conto (sing bakal nampilaké dialog box isi Halo Donya! nalika siji tombol diklik déning panganggo):

<input type="button" value="Tekan di sini" onclick="halo();">
<script type="text/javascript">
    function halo() {
        alert( "Halo Donya!" );
    }
</script>

Cithakan:Pratélan basa pamrograman