Anoman
Anoman | ||
---|---|---|
![]() Wayang kulit Anoman. | ||
Jeneng miturut basa | ||
Basa Sangskreta | Hanumān utawa Hanumat (kasus nominativus singular) | |
Jeneng miturut aksara | ||
Dewanagari | हनुमत् | |
aksara Bali | ||
aksara Jawa | ꦄꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ |
Anoman iku paraga wayang ing carita Ramayana. Ing pedhalangan Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah nunggu Dasamuka nganti akir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk. Paraga iki kalebu wayang-wayang Bayu.
Dasanama
[besut | besut sumber]- Maruti = angin
- Anjaniputra = putrané Anjani
- Hanuman (versi India)
- Bayusiwi = putrané Bathara Bayu
- Bayudara = putrané Bathara Bayu
- Handayapati = nduwé daya/kakuwatan kang gedhé banget
- Yudawisama = sénopati perang
- Kapiwara = raja wanara
- Mayangkara = asmané nalika wis dadi pandhita/begawan
- Palwagaséta = wanara putih
- Prabancana = angin
- Senggana
Wanara Anoman
[besut | besut sumber]Ing versi Indhia, Anoman wujudé wanara. Wanara dhéwé saka tembung "wana" kang tegesé alas lan nara kang tegesé manungsa. Dadi, ing kana wanaradudu kethèk, nanging sawijining makluk ing antarané manungsa lan kethèk, wujudé manungsa nanging nduwé buntut.Ing Basa Jawa, wanara nduwé teges kethèk.
Ing sawetara pérangan Indhia, ana kang muja Hanuman kaya déné déwa-déwa. Ana uga kang ngira yèn paraga mistis Cina Sun Wukong asliné Hanuman iki.
Carita Wayang
[besut | besut sumber]Anoman iku putrané Dewi Anjani lan Bathara Guru. Dumadine Anoman nalika Dewi Anjani tapa nyanthuka ana ing dhampengé tlaga Madirda. Tapané Dewi Anjani nganti pirang-pirang taun, ora mangan yèn ora ana panganan tiba ing papané mretapa, ora ngombé yèn ora ana embun tumètès ing lambéné.
Sawijining dina, Bathara Guru nganglang jagad nitih Lembu Andini ngambah ing dirgantara. Nalika lakuné tekan sandhuwure tlaga Madirda, priksa wanodya tapa ing dhampengé tlaga, wuda blejed pindha kodhok ndhodhok, sanalika Bathara Guru kagugah birahiné. Njalari kama korut. Kama tiba ing dhampengé tlaga Madirda. Déné klepretané kang isih tumemplok diusap nganggo godhong sinom (godhong asem kang isih nom) nuli diuncalake menyang tlaga Madirda, tiba ing sacedhake Dewi Anjani mretapa. Godhong sinom disaut lan didhahar Dewi Anjani.
Kaelokané, amarga dhahar godhong sinom lan dayané kamane Bathara Guru, Dewi Anjani nggarbini. Bareng tekan leking mangsakala Dewi Anjani babaran wujud bayi kethek putih. Dening Dewi Anjani, bayi kethèk putih keparingan tetenger Senggana (Anoman).
Bayi Senggana mau cepet gedhé. Karosané kagila-gila, luwih saka pepadhané (rosa banget) lan bisa mabur. Sawijining dina, takon bapa marang Dewi Anjani. Dewi Anjani kèwuhan anggoné mangsuli, mula lelakoné nalika tapa ing tlaga Madirda dicritakake. Mesthi waé Senggana durung marem krungu critané ibuné. Nuli pamit arep ngupadi sudarmané.
Senggana mabur menyang kahyangan. Takon marang ratuning para dewa. Sawisé tekan Kahyangan Jonggringsaloka, takon marang Bathara Guru sapa sejatiné ramané. Bathara Guru ora bisa paring katrangan cetha, Senggana mbujung rembug, nanging Bathara Guru tetep ora bisa paring wangsulan kang cetha. Senggana jèngkèl, banjur ngetapèl njaluk gendong menyang pundhaké Bathara Guru, ora bakal mudhun yèn durung diaku putra.
Bathara Narada priksa kedadéyan iku, gumujeng kepingkel-pingkel. Ngendikané tlédhak-tlédhok nganyelaké, " Adhi Guru punika ratuning para dewa. Tumindak sapecak ngendika saklimah kedah kanggé conto, nalika ing sanginggiling tlaga Madirda naté makarti yèn ratuné waé tumindaké sok nyandhung-nyandhung, njur kadospundi ingkang sami mulad?"
Bathara Guru mrekitik, sigra methik godhong nila, dimantrani, banjur ditemplekaké menyang gegeré Bathara Narada. Sanalika godhong nila mau malih dadi kethèk cebol kaya Bathara Narada, ngethapèl njaluk gendhong. Ora gelem mudhun yèn durung diaku putra. Wasana Bathara Narada gelem ngaku putra. Kethèk putrané nuli tetenger Jaya Anila.
Semono uga Bathara Guru, kersa ngaku putra kethék kang ulesé putih. Kethèk putrane banjur kaparingan jeneng Anoman, amarga dumadi saka godhong sinom.
Nalika suwita marang Prabu Rama, Senggana (Anoman) tau didadekake duta, entuk gawé. Malah bisa ngobong kedhaton Ngalengka lan njalari sirnané bupati Ngalengka kang cacahé 21.
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Anoman ing Bausastra Javanese Dictionary[pranala mati permanèn], 25 Agustus 2008