Mripat manungsa

Mripat, mata, utawa soca kuwi gegelitan indriyan (sensory organ) paningal kang nanggap marang cahya sing isa dideleng. Kagunaan liyanè kalebu njaga irama sadinan (circadian rhythm), lan njaga kasatimbangan.[1]
Mripat isa dianggep minangka piranti paningal sing urip. Wangunè welu lan nduwéni lapisan njaba kayata tingal (sclera) lan njeronè ana nopal bayu (coroid pigment) kang njaga mripat supaya padhang, kajaba ing suledan paningal mripat. Kanthi anglur-èlur, ning sadawanè suledan paningal (optic axis), panyusun paningal sapisan ana rawikanta (lens) lan pucak (cornea) kang nyumbang daya paningal mripat lan nutugi mat-matan cahya saka njaba paling akéh; banjur ana theleng (pupil) ing kendhangan (diaphragm) lan kalangan winarna kang aranè manik (iris) sing ngelit gunggungè cahya lumebu ing njero mripat; banjur ana rawikanta ratna (crystal lens) sing nutugi turahan mat-matan cahya dadi citra (image); lan pungkasan ana panumpu (retina) kang peka karo cahya, lan ngowah dadi citra kang isa dimangerténi manungsa. Panumpu nggawè sambungan menyang otak liwat talirasa paningal (optic nerve). Panyusun mripat liyanè uga tetep dibutuhkè kanggo menehi dat pangan (nutrition), njaga, lan nglindhungi mripat.
Telung jinis sobong (cell) ing panumpu ngowahi gandra cahya dadi gandra setrum sing digunakakè déning tatanan talirasa : sobong lenjer (rod cell) nanggap cahya kurang padhang lan nyumbang wawangan (perception) citra ireng lan putih kinandharan lirih ; sobong conthong (cone cell) nanggap cahya padhang-ngenthang lan nyumbang wawangan citra awarna kinandharan dhuwur; lan sobong ganglion (ganglion cell) peka cahya sing anyar-anyar iki ditemokakè kang nduwéni kagunaan nanggapi macem-macem pindanè cahya lan nyumbang kanggo nggelit gunggungè cahya sing tekan panumpu, kanggo nata lan nyuda hormon melatonin, lan nyepetakè irama sadinan.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Pangertosan saha cara makaryaning Soca Archived 2012-03-09 at the Wayback Machine.(dipununduh 31 oktober 2012)