Menyang kontèn

Beksan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
A man and woman, mid-leap
Rong pambeksa modhèren

Beksa utawa beksan, uga diarani jogèd, igel, ibing, tandhak, taya, utawa dhangsah (cara Éropa) yaiku sawijining bentuk kagunan, asring digolongaké minangka ulah raga, kang dumadi saka rangkèn obahan awak kang maaji èstètika lan asring simbulis, sanadyana kang dimurga éwadéné dipilih kanthi sengaja.[nb 1] Beksan bisa dikategorèkaké lan diterangaké miturut tata beksané, miturut répertowar obahané, utawa miturut kala sajarah utawa panggonan asalé.[3] Beksan lumrahé dilakokaké nganggo iringan musik lan kala-mangsa pambeksané dhèwèk kanthi bebarengan nggunakaké piranti musik.

Prabédan wigati kudu digawé antarané beksan téater lan beksan mèlu-sarta[4] sanadyan rong kategori iki ora mesthi kapisah babar pisan. Loro-loroné bisa duwé fungsi mirungga, sanadyana sosial, padatan, tandhing, érotis, béla dhiri, suci, éwadéné liturgis. Wujud obahan manungsa liyané kala-kala ditembungaké nduwèni sifat kaya beksan, kalebu kagunan béla dhiri, senam, panuntun surak, sluncur éndah, langi éndah, kirab wirama, lan akèh wujud atlétik liyané. Beksan ora amung kawates kanggo pagelaran amarga beksan digunakaké minangka bentuk lantihan lan kala-kala palantihan kanggo ulah raga lan kagiyatan liyané. Beksan wis dadi ulah raga kanggo sawatara wong kanthi patandhingan beksan kang ditemokaké ing saindenging donya kang mamèraké manéka gaya lan pakem kang mabéda. Beksan nduwèni daya sengsem èstètika kanggo akèh wong.[5]

Beksan uga bisa ditindakaké dhèwèkan minangka bentuk lantihan utawa pangungkaban dhiri. Beksan iku laku manungsa kang umum lan ora mesthi mbutuhaké tata beksan mirungga.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cathetan

[besut | besut sumber]
  1. Akèh pategesan beksan wis diajokaké. Pategesan iki adhedhasar ing isor iki:

    "Beksan yaiku obahan manungsa kang diripta lan diungkabaké kanggo tetujon èstètika. Beksan uga ngrupakaké sumber lipuran."[1]

    "Beksan yaiku laku manungsa kang kasungsun (saka padon sawang pambeksa, kang biyasané dianut déning para pamiyarsa saka budaya pambeksa) saka rangkèn obahan awak nirlésan kang atujon (pilihan dhèwè-dhèwè lan panyinaon sosial aperan), mirama kanthi sengaja, lan apola budaya, sapérangan gedhé mabéda saka kang dilakokaké ing kagiyatan obahan lumrah. Obahan (ing wektu, lowah, lan kanthi pangudi) nduwèni aji kang tumèmplèk lan èstètis (gagasan babagan kacocogan lan kacakepan kaya déné disawang déning budaya pambeksa) lan uthuté simbulis."[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Sondra Horton Fraleigh (1987). Dance and the Lived Body: A Descriptive Aesthetics. University of Pittsburgh Pre. kc. 49. ISBN 978-0-8229-7170-2. Diarsip saka asliné ing 12-1-2023. Dibukak ing 16-10-2015. {{cite book}}: Check date values in: |access-date= and |archive-date= (pitulung)
  2. Judith Lynne Hanna (1983). The performer-audience connection: emotion to metaphor in dance and society. University of Texas Press. ISBN 978-0-292-76478-1.
  3. Foster, Susan Leigh. (2011). Choreographing empathy : kinesthesia in performance. Routledge. ISBN 978-0-415-59656-5. OCLC 963558371.
  4. "Canadian National Arts Centre – Dance Forms: An Introduction". Arts Alive. Diarsip saka sing asli ing 16 April 2021.
  5. Carey, Katy; Moran, Aidan; Rooney, Brendan (1-3-2019). "Learning Choreography: An Investigation of Motor Imagery, Attentional Effort, and Expertise in Modern Dance". Frontiers in Psychology. 10: 422. doi:10.3389/fpsyg.2019.00422. ISSN 1664-1078. PMC 6405914. PMID 30881331. {{cite journal}}: Check date values in: |date= (pitulung)

Wacan sabanjuré

[besut | besut sumber]
  • Abra, Allison. "Going to the palais: a social and cultural history of dancing and dance halls in Britain, 1918–1960." Contemporary British History (Sep 2016) 30#3 pp. 432–433.
  • Blogg, Martin. Dance and the Christian Faith: A Form of Knowing, The Lutterworth Press (2011), ISBN 978-0-7188-9249-4
  • Carter, A. (1998) The Routledge Dance Studies Reader. Routledge. ISBN 0-415-16447-8.
  • Cohen, S, J. (1992) Dance As a Theatre Art: Source Readings in Dance History from 1581 to the Present. Princeton Book Co. ISBN 0-87127-173-7.
  • Daly, A. (2002) Critical Gestures: Writings on Dance and Culture. Wesleyan University Press. ISBN 0-8195-6566-0.
  • Miller, James, L. (1986) Measures of Wisdom: The Cosmic Dance in Classical and Christian Antiquity, University of Toronto Press. ISBN 0-8020-2553-6.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Beksan Cithakan:Humaniora