Menyang kontèn

Sandhangan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Busana)
Bocah cilik kang nganggo sandhangan mangsa adhem.
Gambar Sketsa Gaun

Sandhangan (basa krama: rasukan) utawa panganggo (basa krama: ageman) punika kabutuhan pokoking manungsa saliyanipundhaharan lan papan panggenan (omah). Manungsa mbetahaken rasukan kagem nglindhungi saha nutupi badanipun. Nanging saking lumampahing gesang lan kamajenganing jaman, rasukan ugi dados pralambang drajat, kalungguhan, utawi pangkat tiyang ingkang ngagem. Aneka warna lan jinis rasukan sageda benten-benten gumantung dhumateng adat-istiadat, pakulinan, lan kabudayan ingkang gadhah ciri khas piyambak-piyambak.


Rasukan ugi umum dipadhakaké karo busana utawa ing basa Indonésia: pakaian. Sejatiné sandhangan punika tegesipun rasukan, utawi makna ingkang luwih wiyar yaiku kabèh ikang dianggenipun ing pérangan tengah raga, dados yèn ing sandhangan adat Jawa ugi kalebu sabuk, epek, timang, benik lan wiron.

Sandhangan utawa busana dados salah satunggaling kabutuhan utama manungsa. Manungsa merlokaken busana kangge nutupi raganipun, mligi pérangan raga ingkang wajib ditutup.

Sajarah

[besut | besut sumber]
Rasukan sajeroning sajarah parkembangan

Sandhangan kang digawé lan dianggo manungsa iku, miturut perkembangané pancèn suwé banget, awit digawé miturut kabutuhan lan kabudayan manungsa dhéwé. Awaké dhéwé banget ngerti dhéwé yèn manungsa kang kapisanan iku, yaiku bapa Adam lan ibu Hawa diandapaké ana ing alam donyaiku ora nganggo sandhangan siji waé, mula saka iku bapa Adam lan ibu Kawa banjur gawé sandhangan amarga dicocokaké karo kaanan alam ing jaman semana, mung gawé sandhangan nganggo kulit kayu lan kulit kéwan kang ana. Banjur jaman tamsaya maju lan manungsa uga duwé kabudayan, mula saka iku banjur padha gawé sandhangan miturut kaanan alam lan kaanan budaya saben laladan lan nagarané. S

Salah siji ancas kang utama sandhangan yaiku kanggo njaga supaya ngrasa nyaman. Ing iklim panas busana nyadiakaké tutupan saka cahya srengéngé utawa dhampak liyané, déné ing iklim adhem sipat insulasi termal lumrahé luwih wigati.

Sandhangan nglindhungi pérangan awak kang ora katon. Sandhangan minangka perlindungan saka unsur-unsur kang ngrusak, kalebu udan, salju lan angin utawa kondhisi cuaca liyané, sarta saka srengéngé. Sandhangan uga ngurangi tingkat risiko sajeroning kagiyatan, kaya nalika nyambut gawé utawa ulah raga. Sandhangan kadhang-kadhang dianggo minangka perlindungan saka bebaya lingkungan tinamtu, kaya gegremet, bahan kimia mbebayani, sanjata, lan kontak karo zat abrasif. Suwaliké, sandhangan bisa nglindhungi lingkungan saka panganggo sandhangan, kaya ta nganggo masker. Sandhangan iku akèh pingunané, kaya ta wis disebautake ing dhuwur mau. Mila wong jaman saiki duwé warna-warna sandhangan lan kabilang unik-unik.

Aspek budaya

[besut | besut sumber]

Prabédan jinis kelamin

[besut | besut sumber]

Ing sawatara budaya, prabédan sandhangan antara kaloro jinis kelamin dianggep patut kanggo lanang lan wadon. Prabédan sajeroning gaya, warna lan kain.

Ing masarakat kulon, rok, gaun lan sepatu hak dhuwur lumrahé dianggep sandhangan wong wadon, déné dasi lumrahé dianggep sandhangan priya. Celana tau dianggep mung sandhangan mligi lanang, nanging wektu iki dianggo déning lanang lan wadon.

Jinis sandhangan

[besut | besut sumber]

Klambi iku kain kanggo nutupi awak pérangan ndhuwur. Klambi akèh jinisé, ana klambi tradhisional lan modhèren. Jinising klambi tradhisional kaya ta ulos (Sumatra Lor), suri-suri (Sumatra Lor), anak daro lan marapulé (Sumatra Lor), Tapis (Lampung), èwèr (Papua Kulon), manawou (Papua Wétan) lan liya-liyané.

Klambi kang diarani klambi modhèren iku ana kang saka klambi tradhisional kang wis diowahi, lan uga ana klambi saka budaya liyan, kaya saka Éropah, Jepang uga Cina.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]