Menyang kontèn

Kain

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Dagang kain ing Karachi, Pakistan.

Kain utawa Tèkstil iku material flèksibel sing kagawé saka tenunan benang. Tèkstil diwangun kanthi cara penyulaman, penjaitan, pangiketan, lan cara dicithak. Kain uga nduwèni jeneng liyané kayata wastra.

Kain jarik bathik gagrag Ngayogya

Kain ing babagan budaya Jawa lumrah kanggo ngarani jarik senajan jarik pancèn iku salah siji jinising kain. Nanging yèn wong Jawa ngarani nganggo kain mesthi sing diomongaké iku pancèn jarik dudu jinis kain liyané.