Menyang kontèn

Driji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Driji sajeroning basa Inggris: digit (finger utawa toe) iku pérangan awak kang dumunung ing tangan, (lan uga ing sikil) driji kiwa lan driji tengen, ing manungsa normal driji cacahé ana lima ing saben tangan, yaiku:

  1. driji jempol
  2. driji panuding
  3. driji tengah, kang paling dawa di antara driji tangan
  4. driji manis
  5. driji jenthik

Driji dumadi saka sawatara ros balung kang dislimuti déning daging utawa otot, ora mung manungsa waé kang duwé driji, sapérangan gedhé kéwan uga duwé nanging cacahé ora mesti lima.