Jamu

Jamu yaiku obat tradhisional kang digawé saka tuwuhan, upamané saka oyot, godhong, woh, lan kulit kayu sawijining tuwuhan kang kena kanggo nambani warna-warna lelara.[1] Pèrangan wit-witan mau ana sing diolah kanthi digodhog lan ana uga kang dipangan mentah.[1] Wong Indonésia wis ngerti jamu saka pirang-pirang abad kapungkur. Kang sepisan jamu mung ana ing kupêngan kraton utawa pura, yaiku ing Kasultanan Yogyakarta lan Kasunanan Surakarta.[1] Jaman biyèn jamu mung dingerténi ing kalangan kraton lan ora éntuk disebarake ing masarakat njaba kraton.[1] Nanging kanthi owah ginsiring jaman kang saya suwé saya maju, jamu bisa diajaraké ing masarakat njaba kraton, saéngga masarakat njaba kraton wis akèh kang bisa ngracik jamu dhéwé.[1] Prastawa iki kang ndadékaké jamu ngrêmbaka lan digawé ora mung wong Indonésia nanging uga payu ing mancanagara.[1] Kanggoné masarakat Indonésia, jamu iku resép turunan saka leluhur kang kudu dijaga lan kudu dingrêmbakakaké.[1] Tuladhané Jamu yaiku: jamu kunyit asam, beras kencur, temulawak, brotowali, lan pahitan.[2]
Sajarah Jamu
[besut | besut sumber]
Indonésia wiwit mbiyèn wis kondhang karo gemah ripah loh jinawi, lemahé kang subur lan asil buminé kang akèh.[1]
https://www.sidomunculstore.com/blog/post/13-jenis-jamu-tradisional-nusantara-dan-manfaatnya.html[3]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h [1](dipunundhuh tanggal 31 Maret 2011)
- ↑ "Sido Muncul Store - Tempat Belanja Produk Sido Muncul Online". www.sidomunculstore.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-05.
- ↑ "Sido Muncul Store - Tempat Belanja Produk Sido Muncul Online". www.sidomunculstore.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-05.