Mlathi
Jasminum | |
---|---|
![]() | |
Tetanduran | |
Jenis buah | Woh wuni |
| |
Takson | |
Divisio | Tracheophytes · |
Subdivisi | Spermatophytes · |
''tanpa takson'' | Angiosperms · |
''tanpa takson'' | mesangiosperms · |
''tanpa takson'' | eudicots · |
''tanpa takson'' | core eudicots · |
''tanpa takson'' | asterids · |
''tanpa takson'' | lamiids · |
Ordo | Lamiales · |
Kulawarga | Oleaceae · |
Genus | Jasminum Linnaeus, 1753 |
Jinis taksonomi |
Melati gambir ![]() |
| |
![]() |
Mlathi (Jasminum sambac) iki kalebu kaluwarganing Jasminum.[1] Tuwuhan iki kasebar ing saindhenging donya, ing tlatah tropis nganti tlatah sub-tropis.[1] Lan duluré uga ana 300 rupa sing dikénal ing donya.[1] Iki kalebu jinis tetuwuhan sing thukulé ngerambat lan bisa ditandur ning endi-endi papan panggonan.[1]
Kembang mlathi lumrahé wernané putih, lan ana sing rada semu kuning.[1] Mlathi ana sing makuthané manunggal uga ana kang makuthané rangkep dadi katone kaya tumpuk tinumpuk.[1] Karana ambuné sing arum lan kuwat, mila kembang iku akèh gunané.[1] Saliyané kanggo wangen-wangen, mlati uga didadèkaké rerenggan kanggo temantén wadon ing Asia Kidul lan Asia Tenggara, kalebu Tanah Jawa. Mlathi lumrahé urip ing laladan tropis.[1]
Nanging saliyané iku, mlati uga didadékaké campuran kanggo unjukan tèh, sing lumrahé dijupuk saka tèh ijo.[1]
Puspa Bangsa
[besut | besut sumber]Jaman papréntahan Présidhèn Soeharto, pamaréntah ngukuhaké Surat Dudutan Présidhèn Nomor 4 taun 1993.[1] Ing surat iki ngukuhaké Hari Cinta Puspa dan Satwa Nasional tanggal 5 November 1993.[1]
Dina iku uga, ana telung kembang kang dikukuhaké dadi idéntitas Bangsa Indonésia.[1] Puspa (tuwuhan utawa flora) kang dikukuhaké ya iku Puspa Bangsa, Puspa Pesona, lan Puspa Langka.[1] Déné kang dikukuhaké dadi Puspa Bangsa ya iku kembang mlathi utawa kang duwé jeneng latin Jasminum sambac.[1]
Kagunan
[besut | besut sumber]Kembang mlathi bisa kanggo bunga tabur lan indhustri tèh.[2] Saliyané iku kembang mlathi uga bisa dadi minyak wangi, wewangèn ruwangan, bahan kosmétik, obat utawa farmasi, lan dadi aroma terapi.[2]
Ing babagan adat utamaning ing Nuswantara, kembang mlathi iki dadi salah sawijining kembang utama kang pesthi dadi bagian utama ana sajroning upacara adat. Mlathi lumrah dadi sajen utawa ubarampe upaca, dadi rerengganing rikma (hiasan rambut), nganti dadi bisa dadi bahan dhekor adicara.
Tèh Mlathi
[besut | besut sumber]Tèh mlathi uga diarani tèh wangi.[3] Diarani tèh wangi amarga ambuné kang wangi amarga duwé arume saka godhong tèh kang pancén wis wangi lan ketambahan arume kembang mlathi kang sangsaya wangi.[3] Tèh mlathi kalebu tèh kang kondhang ing Indhonésia.[3] Tuladhané tèh ijo kang dicampur kembang mlathi lan kembang gambir saéngga wangi mlathi lan wangi kang kas sangsaya krasa nalika tèh digawé wédang tèh lan dicongi banyu panas.[3]
Saka hasil riset nerangaké yèn tèh mlathi bisa ngurangi kolèsterol lan nggawé seger awak.[3]
Minyak Mlathi
[besut | besut sumber]Mlathi bisa didol dadi kembang roncén utawa didol nalika kembang isih seger.[4] Didol roncén lumrahé kanggo rerenggan ngantén lan kanggo asesoris jogèd.[4] Yèn didol nalika dadi kembang kang isih séger iku lumrahé kanggo kembang tabur.[4]
Saliyané iku, mlathi uga bisa diolah dadi Essential Jasmine Oil.[2] Kanggo nyuling kembang mlathi mbutuhaké tèknologi mirunggan.[4] Kembang mlathi ora kena diékstrak ing suhu kang dhuwur, amarga ékstrak kembang mlathi gampang nguap.[4]
Kembang mlathi kang diolah kudu kembang mlathi kang isih seger.[4] Mulané indhustri kanggo ngolah mlathi supaya bisa dadi ekstrak kudu cerak karo sentra budidaya mlathi.[4]
Ékstraksi lenga mlathi ya iku prosés kanggo ngéntoké lenga mlathi saka kembang mlathi.[5] Ana rong cara utawa métodhe ékstraksi kanggo njupuk ékstrak mlathi.[5] Kang sapisan kanthi cara nglarutaké ing pelarut kang gampang nguap utawa kang diarani solvent extraction lan ekstraksi nganggo lemak padat kang diarani enfleurasi.[5]
Teknologi ekstraksi duwé divérsifikasi aji tambah tumrap pamanfaatan kembang mlathi.[2] Mlathi ora mung bisa didol nalika dadi kembang kang isih seger nanging uga bisa diolah lan bisa awét suwé.[2] Saliyané iku mlathi luwih migunani.[2] Mlathi kang bisa diolah dadi ékstrak mlathi kanggo digawé lenga mlathi utawa farfum ya iku kembang melati putih utawa kang duwé jeneng latin Jasmimum sambac.[2] Kejaba iku kembang melati gambir utawa Jasmimum officinale uga kena diolah dadi lenga atsiri kembang mlathi.[2] Indonésia dadi nagara kang mroduksi lenga atsiri kanggo nagara-nagara donya cacahé 60 persén kanggo kabéh panduduk sadonya.[6]
Jinising mlathi
[besut | besut sumber]Gladri Mlathi
[besut | besut sumber]-
kembang mlathi
-
teh mlathi
-
mlathi mekar
-
mlathi akèh cacahé
-
orange jasmine
-
mlathi winter
-
mlathi
-
mlathi makutha cilik
-
mlathi bintang
-
wit mlathi
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m n Disiniada.info[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g h Situs Deptan Archived 2009-02-16 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e Situs Sosro[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ a b c d e f g Saptamitra Pantura[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ a b c Situs ITB[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)
- ↑ Trubus Online Archived 2011-04-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 Mèi 2011)