Menyang kontèn

Panci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Panci saka tembaga nganggo kuping ing sisine.

Panci yaiku piranti masak kang digawé saka logam (alumunium, baja, lsp) lan dhapuré silinder utawa cilik ing pérangan ngisoré [1]. Panci bisa duwé gagang siji utawa rong "kuping" ing loro sisiné lan racaké minangka masak banyu, sayur kang ana duduhé. Ukuran panci racaké dinyatakné nganggo volumené (racaké antarané 1-8 liter)[2].

Panci ana macem-macem jinisé, kaya panci cekung kanggo nggodhok banyu utawa masak sayur, panci teflon kanggo nggoreng tanpa nganggo akeh lenga, lan panci presto kanggo masak luwih cepet nganggo tekanan dhuwur. Panci-panci modhèran saiki akèh sing wis ana tutupé, ana sing nganggo kaca supaya isiné isa katon wektu dimasak. Panci bisa digunakaké ing macem-macem sumber panas, kayata kompor gas, kompor listrik, utawa kompor induksi, gumantung bahan dhasaré. Supaya awet, panci kudu dirumat kanthi becik, aja digaruk nganggo piranti sing isa ngrusak lapisan njabané, utamané kanggo panci teflon.[3]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. http://www.artidefinisi.com/2012/08/pengertian-panci.html[pranala mati permanèn]
  2. http://artikata.com/arti-343480-panci.html
  3. Runingsa, Indah (2024-08-28). "Mengenal Ragam Jenis Panci dan Fungsinya". Kumpulan Tips Home & Living #1 di Indonesia | dekoruma.com © (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-31.