Menyang kontèn

Rawon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Resep bumbu rawon

Rawon yaiku panganan kang wujud sup daging (sapi) nganggo bumbu kluwek.[1] Rawon, panganan sing dadi khas Jawa Wétan kaya ta Surabaya, Sidaarja, Majakerta, Jombang, Malang, lan sapituruté iki uga ana ing laladan Jawa Tengah pérangan wétan (laladan Surakarta). Rawon dadi salah sijine masakan sing kang wigati ana ing masarakat budaya Jawa Wétan, nalika ana wong kang duwé gawe rawon mesthi dadi suguhan mangané. Adat nyuguhna rawon iki isih lestari utamané nalika ana ing désa sing durung kena pengaruh prasmanan kaya wong kutha.[2]

Miturut sujarah, rawon diduga wis ana nalika jaman Majapait. Katulis ing Prasasti Taji ing jaman semana rawon kasuguhna nalika ana adicara gedhé lan arane yaiku "Rarawwan".[3] Ing basa Jawa Anyar aksara semi swara /w/ kerep kaganti dadi /o/, rarawwan .→ rarawon → rawon.

Rawon ing taun 2023 kapilih dadi jangan sing paling énak sadonmya.[4]

Bahan Rawon

[besut | besut sumber]
  • 300 gram daging sapi diiris cilik-cilik.[5]

Bumbu Alus

[besut | besut sumber]

Bumbu Tambahan

[besut | besut sumber]
  • Godhong bawang (bawang pré)[5]
  • Godhong salam.[5]
  • Godhong Jeruk Purut
  • Seré.[5]
  • Laos.[5]
  • Uyah
  • Asem
  • Panyedhep (pilihan)

Pelengkap

[besut | besut sumber]
Brambang gorèng
Endhog asin
Cambah/thokolan kacang ijo
Témpé gorèng
Sambel
Krupuk urang

Cara Masak

[besut | besut sumber]
  1. Daging sapi kang wis diiris cilik-cilik digodhog nganti dagingé empuk.[5]
  2. Lenga goreng dipanasaké, tumis utawa gangsa bumbu-bumbu kang wis dialusaké.[5]
  3. Cemplungaké seré, laos, lan godhong salam.[5]
  4. Bumbu kang wis ditumis mau dicemplungaké ing banyu godhogan daging.[5]
  5. Masak nganti umub, cemplungaké godhong bawang.[5]
  6. Dientas, wènèhi brambang gorèng lan suguhaké nganggo sega, endhog asin, togé, témpé gorèng, lan sambel rawon.[5]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Rawon (Dipuntingali tanggal 8 Juni 2011)
  2. MANUMOYOSO, AMBROSIUS HARTO (2023-08-08). "Rawon, Kuliner Legenda Jatim yang Mendunia". kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2024-12-13.
  3. "Sejarah Rawon sebagai Makanan Khas Indonesia dan Faktanya". kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-26.
  4. "Kalahkan Ramen, Rawon Jadi Sup Terenak di Dunia Versi Taste Atlas". CNN Indonesia. 31 Juli 2023. Dibukak ing 26 Mei 2023. {{cite web}}: Check date values in: |access-date= (pitulung)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q Cara Membuat Rawon Dan Resep Rawon Archived 2011-05-10 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 8 Juni 2011)