Menyang kontèn

Sahadat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaligrafi lailahailallah-muhammadurrasulullah tinulis ing sadhuwuring gerbang Babussalam ing Pura Topkapı, Istanbul, Turki
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Sahadat iku rukun Islam kang kapisan lan minangka asas sarta dhasar kanggoné rukun Islam liyané. Sahadat minangka ruh, inti lan landhesan kabèh ajaran Islam.[1] Sahadat asring ingaran kanthi jeneng Syahadatain amarga dumadi saka rong kalimat utawa tetembungan (Sajeroning basa Arab Syahadatain tegesé 2 kalimat Sahadat). Kaloro kalimat Sahadat mau yaiku:

  • Kalimat pisanan:
Asyhadu An-Laa Ilâha Illallâh
tegesé: aku anyekséni manawa ora ana pengeran/sesembahan ingkang haq kajaba Allah
  • Kalimat kaloro:
wa Asyhadu Anna Muhammadar Rasulullâh
tegesé: lan aku anyekséni manawa Muhammad iku Rasul / utusan Allah.

Tegesé Sahadat[2]

[besut | besut sumber]
  • Kalimat pisanan nuduhaké pangakon tauhid. Maknané, muslim percaya yèn Gusti Allâh minangka siji-sijiné sesembahan kang kudu disembah.
  • Kalimat kaloro nuduhaké pangakon yèn Muhammad iku utusan Allâh. Kanthi ikrar kalimat iki wong muslim mantapaké dhiri kanggo ngyakini ajaran Allâh kaya kang disampaéaké liwat Muhammad saw, contoné ngyakini hadist-hadist Muhammad saw. Klebu ing jeroné yaiku ora percaya marang klaim kerasulan sawisé Muhammad.

Tegesé LAA ILAAHA ILLALLAH[3]

[besut | besut sumber]

Yèn den tilik, satenane tetembungan LAA ILAAHA ILLALLAH ngandhut teges werna loro, yaiku minangka panulakan kabèh wangun sesembahan saliyané Gusti Allah Subhanahuwata'ala, lan makna ngukuhaké yèn siji-sijiné sesembahan kang bener lan patut sinembah hamung Gusti Allah.

Magepokan karo mangertèni tetembungan iku Allah ta'ala paring pangandika, "Mula weruhana yèn ora ana sesembahan kang bener saliyané Allah" (Quran Surah Muhammad ayat kaping 19).

Adhedhasar ayat iki, ngèlmoni makna Syahadat tauhid iku wajib lan kudu didhisikaké tinimbang rukun-rukun Islam liyané. Séjéné iku, Kanjeng Nabi Muhammad Shalallahu alaihi Wasallam mratélakaké: "Sing sapa ngucapaké LAA ILAAHA ILLALLAH kanthi ikhlas bakal lumebu swarga" (Hadist Riwayat Ahmad)

Kang dikarepaké kanthi ikhlas yaiku kang mangerteni temenan, ngamalaké, lan ndhakwahaké kalimat utawa tetembungan mau sadurungé nindakake ibadah liyané, amarga ing sajeroné ana kandhungan tauhid kang Allah nyiptakaké alam awit iku. Rasul ngajak pamane yaiku Abu Thalib, nalika ngarepe sédane kanthi ajakan "Duh pamanku, ucapna LAA ILAAHA ILLALLAH sawijining kalimat utawi tetembungan ingkang kula dadosaken minangka hujjah wonten ngarsanipunAllah", nanging Abu Thalib ora kersa ngucapaké lan séda sajeroning kahanan dadi wong musyrik.

Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam lenggah 13 taun ing Kutha Mekah ngajak wong-wong kanthi dakwah "Ujarna LAA ILAAHA ILLALLAH" lan wong-wong kafir padha mangsuli "Ibadah kok mung marang sesembahan kang mung siji, awakedewe urung tau krungu saka jamane wong-wong tuwa awakedewe mbiyen". Wong Qurays ing jaman Nabi wus mangerteni temenanan tegese kalimat mau, lan sapa kang ngucapaké kalimat utawa tetembungan mau ora bakal nyenyuwun marang saliyané Gusti Allah Subhanahuwata'ala.

Kandhutan Sajroning Kalimat Syahadat[4]

[besut | besut sumber]
  • Ikrar/Pratignya

Ikrar yaiku ujar sawenèh wong muslim ngenani apa kang diyakini. Nalika ngucapaké kalimat syahadat, tegese para pamaos wis duwéni kewajiban kanggo ngedegaké lan merjuangaké apa kang den ikrarke mau.

  • Sumpah

Sahadat uga nduwé teges minangka sumpah. Sawenèh wong kang ngucapaké sumpah, tegesé gelem nampa kedadeyan lan résiko apa waé sajeroning ngamalaké sumpahé mau. Lire, wong muslim iku siyaga lan tanggung jawab tumrap jejeging agama lan ajaran Islam.

  • Janji

Syahadat uga nduwé teges minangka janji. Sawenèh muslim (kang ngucapaké syahadat) minangka wong kang nduwéni janji yaiku setya tuhu kanggo ngrungokké lan nuhoni sajeroning kabèh kahanan marang dhawuhing Gusti Allah, kang dikandhut sajeroning Al-Quran lan Sunnah Rasul.

Syarat Syahadat

[besut | besut sumber]
Kaligrafi tulisan Sahadat

Syarat Syahadat yaiku sawijinig prakara kang yen nganti ora ditindakake anjalari apa kang diucapaké ora sampurna. Mulané yèn wong kang ngucapaké loro kalimat Syahadat tanpa nuhoni syarat-syaraté, bisa diarani Syahadaté ora sah.

Syarat Sahadat ana pitu [5] , yaiku:

  • Kawruh

Wong kang ngucapaké sahadat kudu nduwéni kawruh bab sahadat. Dheweke wajib mangerteni wose utawa isine rong kalimat kang den ucapaké mau, lan gelem nampa tanggung jawab saka ucapané.

  • Kayakinan

Wong kang ngucapaké sahadat kudu ngerti kanthi sampurna teges saka Syahadat iku tanpa gojak-gajeg.

  • Kaikhlasan

Ikhlas tegesé resiking ati saka apa waé kang ora cocog karo maknaning Syahadat. Ucapan Syahadat kang campur karo rasa pamer utawa riya utawa prabawa liyané ora bakal ditampa déning Gusti Allah.

  • Kajujuran

Kajujuran iku jumbuh ing antarae ucapan kang kawetu saka lesan lan lelaku utawa tumindak. Wacan syahadat kudu kanthi lésan, den yakini sajeroning ati, nuli diaktualisasèkaké utawa diwujudake sajroning amal lelaku ya tumindak ing urip padinan.

  • Katresnan

Katresnan tegesé tresna marang Gusti Allah lan Rasul sarta wong-wong kang padha iman. Tresna uga kudu dikantèni kekendelan yaiku wani ngringkus tumrap kabèh kang ora cocog karo Syahadat, utawa kanthi tembung liya, kabeh ngelmu lan ngamal kang ora satrepe karo sunnah Rasulullah SAW.

  • Panampa

Panampa tegesé panampaning ati tumrap kabèh kang teka saka Gusti Allah lan Rasul. Bab iki kudu ngawohake kataatan lan ngibadah marang Allah, kanthi yakin yèn ora ana kang bisa nuduhaké lan nylametaké kajaba ajaran syariat agama Islam, yaiku kanggoné wong muslim ora ana pilihan liya kajaba Al-Quran lan Sunnah Rasul.

  • Tumungkul lan Tawakal

Tawakal yaiku tumungkul lan pasrah marang Gusti Allah lan Rasul kanthi lahiriyah. Tegesé, wong muslim kang ngucapké sahadat kudu ngamalaké kabèh dhawuhing Allah lan ninggal kabèh larangan Allah. Béda antarane panampa lan tumungkul yaiku yèn panampa dicanthelake sajroning ati, déné panungkul dilakoni nganggo lakuning badan.Mula, saben muslim kang ngucapké syahadat tansah siyaga nindakaké ajaran Islam sajeroning uripé.

Dasar Tauhid lan Islam[6]

[besut | besut sumber]

LAA ILAAHA ILLALLAH yaiku asas saka Tauhid lan Islam, kanthi ucapan mau direalisasèkaké utawa diwujudake kabèh wujud ngibadah marang Allah kanthi tumungkul lan mituhu marang Allah, ndonga mung marang Allah lan dhedhasar ukum Syariat Allah.

Sawijining ulama misuwur yaiku Ibnu Rajab ngendika, "Al ilaah yaiku kang ditaati lan ora dimaksiati, diagungaké lan, ditresnani, diwedèni, lan dijaluki pitulung. Iku kabèh ora kena dipléngakaké kajaba marang Allah. Kalimat LAA ILAAHA ILLALLAH duwé manfaat tumrap wong kang ngucapaké, kajaba banjur mbatalaké ngaggo prekara kang syirik."


Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Pentingnya Dua Kalimat Sahadat". Diarsip saka sing asli ing 2008-11-23. Dibukak ing 2007-11-23.
  2. "Makna Syahadat". Diarsip saka sing asli ing 2007-11-25. Dibukak ing 2007-11-23.
  3. Tahukah Antum Makna Syahadat Laa Ilaaha Illallaah
  4. "Kandungan Kalimat Syahadat". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-07. Dibukak ing 2007-11-23.
  5. "Syahadat yang diterima Allah SWT". Diarsip saka sing asli ing 2007-12-19. Dibukak ing 2007-11-23.
  6. Tahukah Antum Makna Sahadat Laa Ilaaha Illallaah

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]