Menyang kontèn

Tas

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tas

Tas yaiku wadhah kang duwé tutup kang bisa digawa lelungan.[1] Bahan kanggo nggawé tas yaiku kertas, tuwuhan, plastik, kulit, kain lan liya-liyané.[2] Tas lumrahé kanggo wadhah pakéyan, buku, make up lan liya-liyané.[1] Tas ana uga kang digéndhong ing geger.[1] Tas iki diarani tas ransel, déné tas kang ukurané gedhé lan kanggo wadhah pakéyan kang cacahé akèh diarani koper.[1] Koper asalé saka basa Landa ya iku koffer.[1] Tas ana kang dhapuré kothak lan lumrahé dianggo wong wadon kanggo wadhah make up.[1] Tas iki diarani tas kecantikan utawa beauty case.[1]

Tas saiki wis dadi indhustri kang nguntungaké.[1] Rata-rata para pandhudhuk ing donya mèh kabèh tuku tas.[1] Para pengusaha uga nduwéni kawigatén kanggo usaha tas.[1] Tas ana uga kang digawé saka bathik.[1] Modhèl lan wujud tas warna-warna. Tas uga bisa dhimodhifikasi karo bahan liyané supaya dadi unik|unik.

[1]Wektu nganggo tas, luwih becik milih tas sing cocog karo kabutuhan lan kahanané. Aja nganggo tas sing ora pas karo kegiyatan, kaya nganggo tas cilik kanggo lelungan adoh, soale ora cukup kanggo nyimpen barang akèh. Saliyane kuwi, aja nyimpen barang abot banget ing tas cilik, merga isa ndadekaké tasé rusak. Yen tas kuwi digawe saka kulit utawa kain alus, aja ditaruh ing papan teles utawa reged, awit isa ngrusak bahané. Ngrumat tas sing apik uga penting, supaya isa awet lan isa digunakaké suwe.

Miturut wujud lan ukuran

[besut | besut sumber]

Miturut bahan kang mbentuk

[besut | besut sumber]
  • Tas Kertas[1]
  • Tas Plastik[1]
  • Tas Rajut[1]
  • Tas Spunbound[1]
  • Tas Berbahan Alami[1]
  • Tas Daur Ulang[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y lintasberita.com Archived 2011-08-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)
  2. woman.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)