Utek manungsa


Utek manungsa kuwi gegelitan kang dadi punjering tatanan talirasa, lan tali ula-ula (spinal cord). Iki kasusun saka utek gedhe, gagang utek lan utek cilik . Otak ngelit meh sakabehe kagiyatan awak, ngolah, nggathukake, lan nrepke wewarah sing ditampa saka tatanan talirasa indriya . Utek nrepke wewarah indriyan (sensory information) lan kongkonan cer-ceran (coordinates instructions) sing kinirim menyang perangan awak liyane.
Utek gedhe, perangan paling gedhe saka utek manungsa, kasusun saka rong mandala (hemisphere). Saben mandala nduweni inti njero sing kasusun saka pati putih (white matter), lan lumah njaba yaiku klika utek gedhe (cerebral cortex) kasusun saka pati luwuk (grey matter) . Klika utek nduweni lapisan njaba, klika lair (neocortex), lan lapisan njerone arane klika mblusuk (allocortex). Klika lair dumadi saka enem lapisan patalirasan (neuron), dene klika mblusuk nduweni telu utawa papat. Saben mandala utek dipérang dadi papat jiring , yaiku jiring ngarep, wuwunan, pilingan, lan mburi.Jiring ngarep gegayutan karo kagunaan nglaksana (executive function) kalebu nggelit awak, ngranang, ngrumangsa, lan ngangen lengis (abstract thought), dene jiring mburi dimligikake kanggo sesawangan. Ing saben jiring, wilayah klika gegayutan karo kagunaan tartamtu, kayata wilayah indriyan (sensory), obahan (motor), lan panggayutan (associaton) . Senajan mandala kiwa lan tengen meh padha ing wangun lan kagunaan, sawetara kagunaan angawit karo sisih sijine thok, kayata basa ing sisih kiwa lan kekawihan sawangan-lowahan (visual-spatial ability) ing sisih tengen.
Utek gedhe diubungke dening gagang utek menyang tali ula-ula. Gagang utek dumadi saka utek tengah (midbrain), wot (pons), lan sungsum lanjaran (medulla oblongata). Utek cilik disambungake menyang gagang otak kanthi telung pasang ilen talirasa sing arane bung-bungan utek cilik (cerebellar peduncle). Ing njero utek cilik ana tatanan pepringgitan (ventricle system), dumadi saka papat pringgitan sing ginayutan karo papan ilet utek-ula (cerebrospinal fluid) digawe lan dibabarke.
Reng-rengan
[besut | besut sumber]Prethelan agal
[besut | besut sumber]Uteke wong gedhe biasane bobote sawetara 1.2–1.4 kg yaiku udakara 2% saka gungguge bobot awak, kanthi momotan watara 1260 cm3 ning lanang lan 1130 cm3 ning wadon. Abote utek kanggo wong lanang yaiku sawetara 1,180–1,620 g lan kanggo wadon 1,030–1,400 g.
Utek gedhe, nggragag perangan paling gedhe saka otak lan ngluwihi prethelan utek liyane. Wilayah njaba mandala, klika utek gedhe kuwi kalebu pati luwuk sing kasusun saka lapisan klikan talirasa. Saben sigaran mandala utek dipérang dadi papat jiring utama - jiring ngarep, jiring wuwunan, jiring pilingan, lan jiring mburi. Telung jiring liyane uga diwedharake ing sawetara sumber, yaiku jiring tengah (central lobe), jiring gahiyan (limbic lobe), lan jiring nylempit (insular lobe).Jiring tengah kalebu grigisan pratengah (gyrus pracentral) lan grigisan pascatengah (gyrus postcentral) lan loro kuwi dilebokake amarga dadi peran penting sing béda.
Gagang otak, wangune kaya gagang kang nempel lan nglanjar saka utek tengah ing wiwitan wilayah utek tengah.Gagang utek kasusun saka utek tengah, wot, lan sungsum lanjaran. Ing mburi gagang utek gedhe ana utek cilik.
Utek gedhe, gagang utek, utek cilik, lan tali ula-ula ditutupi dening telung glabad (membrane) sing arane klasutan utek (meninges). Glabad kasebut minangka klasutan utek atos (dura mater) sing atos banget, klasutan utek sup-supan (arachnoid mater) ning tengah lan klasutan utek empuk (pia mater) sing paling njero lan empuk. Antarane klasutan utek sup-supan lan klasutan utek empuk ana godhagan lan jedhingan sor sup-supan (subarachnoid space ; subarachnoid cistern) , sing ngemot ilet utek-ula.
Utek gedhe
[besut | besut sumber]Utek gedhe minangka perangan paling gedhé saka otak lan kaperang dadi mandala kiwa lan tengen sing meh plek-ketiplek kang kasigar dening lwahan sing njero. Kaanan mandala utek sing pating mlencong arane petalia. Mandala utek (hemisphere) disambungake dening limang gegel (comissure) kang malang ning sesigaran mujur utek (fisura longitudinal). Saben sigaran mandala utek biasane dipérang dadi papat jiring utama kang saben jiringe gegayutan karo siji utawa rong kagunaan mligi sanajan ana sawetara tumpang tindih kagunaan ing antarane. Lumahing utek kuwi kumerut dadi grigisan (gyrus) lan jeglongan (sulci), antarane akeh sing ana jenenge, biasane miturut nggone, kayata grigisan ngarep ning jiring ngarep utawa jeglongan tengah sing misahake wilayah tengah mandala utek.
Sisih njaba utek gedhe yaiku klika utek gedhe , sing kasusun saka pati luwuk sing rangkep-rangkep. Kandele nganti 2-4 millimeter, lan pating kumerut lan menggak-menggok. Ing ngisor klika ana pati putihe otak gedhe . Perangan paling gedhe saka klikaning utek gedhe yaiku klika lair (neocortex), sing nduweni enem lapisan patalirasan. Turahane ana klika mblusuk (allocortex), sing nduweni telung utawa papat lapisan lan panggone mblusuk ning njero.
Klikaning uthek kapetha lan kaparo sawetara 50 wilayah sing dikenal minangka wilayah Brodmann . Klika dipérang dadi wilayah utama, yaiku klika obahan (motor cortex) lan klika indriyan (sensory cortex) . Klika obahan wigati , kang ngirim akson mudhun menyang patalirasan obahan ing gagang otak lan tali ula-ula, manggoni mburi jiring ngarep, langsung ing ngarep area indriyan makangga (somatosensory). Wilayah indriyan wigati nampa tengara saka talirasa lan ilen indriyan nglewati pangliyer ijen (nucleus relay) kang ana ing beton utek ('thalamus).
Rujukan
[besut | besut sumber]- Colledge, Nicki R.; Walker, Brian R.; Ralston, Stuart H.; Ralston, èd. (2010). Davidson's Principles and Practice of Medicine (édhisi ka-21st). Edinburgh: Churchill Livingstone/Elsevier. ISBN 978-0-7020-3085-7.
- Hall, John (2011). Guyton and Hall Textbook of Medical Physiology (édhisi ka-12th). Philadelphia, PA: Saunders/Elsevier. ISBN 978-1-4160-4574-8.
- Larsen, William J. (2001). Human Embryology (édhisi ka-3rd). Philadelphia, PA: Churchill Livingstone. ISBN 978-0-443-06583-5.
- Bogart, Bruce Ian; Ort, Victoria (2007). Elsevier's Integrated Anatomy and Embryology. Philadelphia, PA: Elsevier Saunders. ISBN 978-1-4160-3165-9.
- Pocock, G.; Richards, C. (2006). Human Physiology: The Basis of Medicine (édhisi ka-3rd). Oxford: Oxford University Press. ISBN 978-0-19-856878-0.
- Purves, Dale (2012). Neuroscience (édhisi ka-5th). Sunderland, MA: Sinauer associates. ISBN 978-0-87893-695-3.
- Squire, Larry (2013). Fundamental Neuroscience. Waltham, MA: Elsevier. ISBN 978-0-12-385870-2.
- Standring, Susan, èd. (2008). Gray's Anatomy: The Anatomical Basis of Clinical Practice (édhisi ka-40th). London: Churchill Livingstone. ISBN 978-0-8089-2371-8.